Laku Urip Sakmadya

Umpami panjenengan sawijining wiraswastawan UMKM ingkang sampun kagungan griya ingkang layak dhateng ndesa, banjur wonten release cluster enggal ing perumahan elite. Menapa panjenengan kemrungsung nderek indent?

Umpama sampeyan guru sing butuh laptop mung sakderma kanggo ngetik Microsoft Word, Excell lan Powerpoint, banjur ana laptop gaming anyar kanthi rega puluhan yuta. Apa sampeyan ndadak kepingin tuku?

Misale awakmu buruh pabrik sing wis nduwe tumpakan sepeda motor tahun 2010-an, njur ana pariwara sepeda motor sport premium sing anyar. Apa awakmu nggreges kepingin ndang kredit?

Menawi wangsulan panjenengan tansah ‘YA’, langkung becik njenengan bacutaken maos artikel puniki.

Werdine laku urip sakmadya

Warga Jawa kuna ngawruhi sawijining piwulang lumantar unen-unen ‘urip sakmadya’. Werdine kurang luwih yaiku nglakoni urip sakcukupe lan sakperlune wae. Mbok menawa memper karo tembung qona’ah ing piwulang Islam, rumangsa cukup. Laku urip sakmadya iki isih diugemi dening para sanak sing urip ing tlatah padesan, utamane para kadang tani. Para kadang kuwi isih percaya yen urip iki kudu dilakoni kanthi sakcukupe wae. Jalaran urip iki ora saklawase, bebasan mung mampir ngombe. Mula cukup ngombe sakperlune wae kanggo sangune lelakon sakbanjure.

Banjur apa sambung rerapete karo pitakon ing wiwitan kuwi mau? Umpama wangsulane awak dhewe akeh sing ‘YA’, cetha yen awak dhewe wis ninggalake piwulang urip sakmadya saka leluhur. Awak dhewe bisa wae ngupadi dalil kanggo mbenerake tumindak sing luwih-luwih. Sing merga kahananlah, sing krana modernitaslah, sing njaga gengsilah, lan liya-liyane. Nanging yen gelem blaka suta marang nuraini, eh, nurani; jan-jane rak ya kesel ta nglakoni gaya sing hedonis kuwi?

Yen kersa nggalih langkung jeru, piwulang urip sakmadya kuwi ngandhut dimensi spiritual sanget. Kosok balen saka piwulang manca sing ngutamakake bab materi. Laku sakmadya kuwi ora ateges menging wong dadi sugih. Ora menging awake dhewe nduwe bandha dunya lan raja brana sing turah-turah. Ora kaya ngono. Kanthi laku urip sakmadya awake dhewe sing kudu ngatur bandha dunya. Dudu walikane, ati lan pikiran tansah dikebaki urusan raja brana.

Ora kurang tuladha wong sing sugih nanging ora kedunyan. Saya sugih malah saya loman. Saya sugih uripe malah saya prasaja apa anane. Kosok baline uga akeh tuladha wong sing ora pati sugih nanging ati lan pikirane tansah kemrungsung, mung dikebaki pekara bandha dunya. Banjur yen kaya ngono, kapan bisa ngrasakake bagja?

Laku urip sakmadya ing praja

Yen ngaca saka sejarah, tatanan bebrayan Jawa kuno kuwi dibangun kanthi linambaran sistem kasta. Sing ana ing kasta paling dhuwur dudu sing paling sugih bandha, nanging malah golongan sing wis ngadohi pekara dunya (bandha, palenggahan, wanodya, lan sapanunggalane) yaiku kaum brahmana. Ing ngisore ana golongan ksatria kang luwih wigati ing pekara curiga (kaprajuritan) tinimbang raja brana. Banjur ing endi palungguhane para saudagar lan wong sugih? Ana ing sangisore brahmana lan ksatria, ingaran kasta sudra.

Saka tatanan kuwi cetha yen ing sistem bebrayan Jawa kuno pekara Negara dipandegani dening golongan sing wis uwal saka urusan bandha donya. Wong-wong sing kukuh bakuh ngugemi laku urip sakmadya, ora materialistis. Coba bandingke karo tatanan Negara modern jaman saiki.

Laku urip sakmadya vs kapitalisme global

Mbok menawa negara-negara adikuasa rumangsa jirih ngawruhi leluhur tanah jawa sing sekti-sekti, ora tedas tapak paluning pande. Mbok menawa negara-negara kuwi cilik atine nalika jaman biyen mimis lan peluru meriem mung ditampani jaja sinambi ndrenges dening mbah buyute dhewe. Nanging yen dipikir-pikir, ana babagan sing luwih nggegirisi, yaiku laku urip sakmadya kuwi.

Coba wae dipikir. Umpama separo wae brayat ing Nusantara iki nglakoni laku urip sakmadya, negara-negara adidaya sing nyekel kapital global bakal ketir-ketir. Negara-negara kuwi bakal kelangan kelangan pasar kanggo barang-barang mewah produksine. Bakal ana ewonan trilyun dhuwit sing ilang merga barange ora payu. Sakbanjure bisa dijangka, kapitalisme global bakal bangkrut ning kene. Mbebayani banget kanggo negara-negara kuwi.

Sawijining pusaka sing ampuh mbok menawa bisa medeni negara-negara adikuasa, nanging laku urip sakmadya bakal luwih nggegirisi. Kanthi laku urip sakmadya, awak dhewe bisa nigas kapitalisme global langsung ing jantunge, banjur nyawang pralayane. Utopia? Sawijining impen ing wayah rina? Embuh ya.

Kanggo pangeling-eling, mbok menawa tembang asmaradana iki cocok dienggo rengeng-rengeng ing wanci ratri:

poma poma wekas mami

anak putu aja lena

aja katungkul uripe

lan aja duwe kareman

marang pepaes donya

siyang dalu dipun emut

yen urip manggih hantaka


-Bantu Rembukan.com agar bisa terus menjadi media yang merangkul penulis-penulis dari desa, dengan cara traktir kami kopi di sini

About Rois 7 Articles
Seorang part time teacher dan full time parent. Mengajar -sekaligus belajar- mapel Bahasa Jawa. juga seorang atlit badminton amatir yang tidak akan takut menghadapi 'minions' ataupun 'the daddys'

Be the first to comment

Monggo Komentare

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.