Ngintir, Anut Iline Banyu

Ngintir kuwi jan-jane rak dolanan sing umum ning ndesa-desa jaman biyen. Ngintir nganggo piranti sak anane, sing paling umum ya ngangge debog gedhang. Yen ana bocah sing nganggo ban bekas, kuwi wis kapetung mewah ing ukurane bocah ndesa. Ora ana rasa kuatir, ora ana was sumelang. Sing ana mung seneng. Jenenge uga bocah.

Jaman saiki, bareng kali wis saya cethek, saya ciut, lan saya kebak ing uwuh; urusan ngintir bisa dadi bisnis. Ing desa-desa sing kaline isih resik tur amba, ngintir bisa didol kanggo event wisata. Mung gari diwenehi istilah sing rada modern wae wis bisa dadi dhuwit. Ngintir diganti istilah dadi ‘tubing’. Gedebog gedhang diganti nganggo ban bekas. Perkara asyik po ora.. ya tetep wae asyik, kanggo sing wani.

Bab ngintir iki jan-jane rak ya padha wae karo nglakoni urip. Bakune ngintir kuwi manut ilining banyu saka nduwur mengisor. Ora ana kok jenenge ngintir njur daya-daya ngobek kepingin mandhuwur. Edan po? Pak, Bu,.. urip rak ya ngono ta? Ora ana sing jenenge urip kuwi kok mbalik ing jaman biyen. Panggah manut pepesthi, manut ukuming alam.

Ing sajrone ngintir mesti bakal nemoni alangan. Bakal akeh watu sing bisa njalari catu, bakal ana uwuh sing marai riwuh, kala-kala ya bakal ketemu ula. Malah kadhang bisa keponthal-ponthal saka deresing alun, kelelep amarga ban sing nyungsang-njempalik. Nanging yen kabeh dilakoni kanthi ati sing sumeleh ya bakal gawe seneng, malah nambahi seru. Coba yen durung apa-apa wis wedi, “engko gek bundhas kebenthus padas, engko gek catu ketatap watu, engko gek cilaka dicokot ula, engko gek… engko gek… lan sapiturute”. Ora bakal sida ngintir kowe..
Paklik, Bulik,.. urip rak ya ngono ta?

Ngintir kuwi manut iline banyu, saka ndhuwur mengisor. Yen ta kadhang kala awake dewe ngobek mangiwa-nengen supaya ora nabrak watu, kuwi biasa. Ning aja nganti ngeyel ngobek nglawan ilining banyu kepingin mandhuwur, yekti bakal kojur. Yen ta pisan-pindho njejeg watu padas supaya bisa tetep madhep mangarep, kuwi ya ora salah. Sing luput kuwi yen njejek watu kerana pegel karo watune, “watu iki ngisruh wae, ngganggu ilining banyu, marai laku ra bisa lumintu”.
Kakang, Mbakyu, tenan jangan begitu..

Ngintir kuwi kanggone bocah-bocah nggo suka parisuka. Yen sajrone ngintir njur awak radi kesel, ya ngaso, mandheg disik gandholan watu. Mengko yen wis ‘ambegan’ mulihke tenaga, njur lanjut ngintir maneh. Ora kok mandheg terus, ra gelem ngintir maneh.
Pakdhe, Budhe,.. urip rak ya ngono ta?

Ngintir kuwi bisa kanggo panglipur, nggo seneng-seneng. Yen sasuwene ngintir nganti nabrak watu, nyangsang ing resek, utawa kecebur nganti klelep, ya disambi bengok-bengok wae. Malah ndadekake seneng lan seru. Yen nganti ngintir karo lambe mecucu, mending ra sah melu..
Bro, Sist,.. urip rak ya ngono ta?

Rambut monte, Blitar. 8/12/2018


-Bantu Rembukan.com agar bisa terus menjadi media yang merangkul penulis-penulis dari desa, dengan cara traktir kami kopi di sini

About Rois 2 Articles
Seorang part time teacher dan full time parent. Mengajar -sekaligus belajar- mapel Bahasa Jawa. juga seorang atlit badminton amatir yang tidak akan takut menghadapi 'minions' ataupun 'the daddys'

4 Comments

    • Njenengan begja Rama.. kali Brantase taksih saget damel nostalgia. Kali ten kampung kula sampun ciut kados wangan.. mboten saget damel ngintir malih.

Monggo Komentare

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.