Ngonceki Jangka Jayabaya: kali ilang kedhunge

Ramalan utawa jangka Jayabaya wis kondhang kaloka ing tanah Jawa. Meh kabeh priyantun Jawa sing yuswane 40 munggah ngawruhi bab jangka kuwi. Umpama ora weruh jangkepe, saora-orane ya mesti nate krungu punggelane.

Jangka kang tinulis kuwi sejatine minangka anggitan balen saka versi asline. Anggitan ulang kuwi sinerat ing kitab Musasar (Asrar) kang tinulis dening Panjenenganipun Sunan Giri Prapen (Sunan Giri kang kaping III) ing warsa 1618 Masehi.

Ana saperang babagan kang jinangka ing kitab kasebat. Yen diitung ora kurang saka 212 babagan ramalan. Sawijining angka kang peni, kayadene angkane pendekar setengah edan ingaran Wiro Sableng. Uga identik karo geng (mbuh edan uga apa ora) sing sok nggawe adicara reuni ing Monas. Sawijining kaleresan sing embuh banget.

Kali ilang kedhunge: teges wantahe

Salah sijine ukara sing ana ing jangka Jayabaya yaiku ‘Kali ilang kedhunge’. Tembung kali wis padha dimangerteni tegese, dene kedhung kuwi perangan ing kali sing jeru. Rikala semana nalika isih bocah, kali ing kampung kula isih akeh kedhunge. Ing endi ana kali mesti ana bagean kedhung sing luwih jeru.

Kedhung iki minangka bagean sing wigati ing kali, bisa dadi panggonan ngolah sangkrah sing alami. Ing kene sakwernane uwuh lan rerusuh bakal diurai. Sangkrah -mligine sing organik- bakal mulek ing kedhung nganti ajur lan dadi pakan kanggo iwak lan kewan kali liyane.

Sakliyane kuwi kedhung uga dadi papan favorit kanggo bocah-bocah. Dadi panggon ciblon lan dolanan. Bocah-bocah kampung umume gladhen nglangi kanthi otodidak ing kene. Kala-kala uga sinambi gladhen loncat indah saka wit-witan ing sakiwa-tengene kali. Dene kanggo wong dewasa, kedhung bisa dadi papan sing paling trep kanggo mancing, sebab mesti akeh iwake.

Yen dipikir srana wantah, ukara jangka kali ilang kedhunge wis cetha dumadi ing dina iki. Nyatane wis meh kabeh kali gedhe ing tanah Jawa saya cethek, ora ana kedhunge maneh. Coba wae disawang kae, Ciliwung, Citarum, Bengawan Solo, Brantas lan liya-liyane; kabeh wis saya cethek. Apamaneh kali-kali cilik ing kampung, luwih ngenes. Saya ciut lan cethek kayadene wangan utawa got.

Dadine sakabehe sangkrah sing ana ing kali wis ora bisa ajur kanthi cara alami. Luwih-luwih uwuh jaman saiki mayoritas resek plastik lan jenis resek anorganik liyane. Mula bocah-bocah dadi kelangan panggon adus lan ciblon jalaran kaline kebak ing uwuh. Bapak-bapak uga kelangan spot mancing gratisan.

Kali ilang kedhunge: jarwa kang sinandi ing sastra

Apa mung cukup tekan semene wae, mung mandeg ing teges wantahe? Ing pamanggih kula kok mboten mekaten. Sawijining pujangga agung kayadene Sunan Giri Prapen mokal nyerat kitab kang mung nggagas perkara wantah. Luwih-luwih sastra jawa wis misuwur kebak ing pralambang. Mula mesti ana jarwa kang sinandi ing sajroning jangka Jayabaya iki, sing ngenteni dionceki.

Kanggone kula pribadhi, ramalan kali ilang kedhunge kuwi ngandhut dimensi sosio kultural. Ana sambung rerapete kelawan urip bebrayan ing warga masyarakat Jawa. Ing ukara nubuat iki warga masyarakat dipindhakake kaya kali. Sawijining pepindhan kang wasis, amarga sipat kalorone (warga masyarakan kelawan kali) sing padha-padha dinamis, tansah ngintir ora nate mandeg jegreg.

Wondene kedhung minangka pepindhan kanggo pamong lan pinisepuh ing masyarakat. Ing tatanan masyarakat Jawa kuna, pamong kuwi asale saka tembung pamomong. Tegese wong sing ngemong masyarakat. Mula pawongan sing pinilih dadi pamong mesti dadi jujugan para warga kanggo wadul sakabehing perkara. Pamong uga dadi sumber kawruh kanggo para mudha minangka generasi penerus. Bebasan dadi sumur (kawruh) kang tinimba.

Pamong kang piniji minangka pinisepuh mokal nolak warga kang sowan. Mbuh sowane kuwi amarga ana prelu sing wigati, mung sakderma silaturahmi, utawa malah arep wadul bab sawijining perkara. Kabeh bakal ditampa. Yen ta sang pamong durung bisa aweh pangudare perkara, saora-orane tetep bisa dadi srana wadul (curhat).

Ing babagan iki jangka kali ilang kedhunge wis tinemu nalare. Bebrayan modern ing dina iki, mligine ing kutha-kutha gedhe wis kelangan pinisepuh sing bisa dadi pamomong. Pancen isih ana sing diarani Ketua RT, RW lan Lurah; nanging penggaweyane ora luwih saka urusan administratif wae.

Ing tatanan bebrayan kutha sing modern, wis arang-arang tinemu Ketua Lingkungan sing gati marang wargane. Aja maneh kok mirengake sambate para warga, kanggo sakderma jagongan wae wis ora kober. Ya ora bisa disalahake merga kabeh sibuk ngurus penggaweyane dhewe-dhewe.

Yen nganti ana warga sing mendhem perkara -dipindhakake kayadene sangkrah-, dekne wis kelangan kedhung. Kelangan papan kanggo sambat. Duk nalika semana yen ana warga sing nduwe potensi dadi sampah masyarakat bakal dilungguhake dening sang pamong. Dijak wawanrembag lan cecaturan saka ati. Saka cecaturan kuwi diajab si ‘sangkrah’ bakal bisa diolah, bisa aweh manfaat kanggo masyarakat.

Jaman saiki sakwernane ‘sangkrah’ masyarakat wis kelangan panggonan kanggo sambat. Wis kelangan panggonan sing bisa aweh solusi.  Mula sakabehe sangkrah kuwi bakal terus numpuk. Yen kalamangsane teka udan gedhe, sampah sing numpuk kuwi bakal nyumpeti ilining kali (bebrayan). Banjur ndadekake banjir perkara, jalaran kali wis ilang kedhunge.

Seratan ing Basa Indonesia nate kapacak ing cangkeman.net 18 maret 2022


-Bantu Rembukan.com agar bisa terus menjadi media yang merangkul penulis-penulis dari desa, dengan cara traktir kami kopi di sini

About Rois 7 Articles
Seorang part time teacher dan full time parent. Mengajar -sekaligus belajar- mapel Bahasa Jawa. juga seorang atlit badminton amatir yang tidak akan takut menghadapi 'minions' ataupun 'the daddys'

Be the first to comment

Monggo Komentare

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.