Rebutan nJawa Tanpa Isi

Para sanak-kadang sing urip ing tlatah ndesa (ing Jawa) mesthine wis weruh unen-unen “rebutan balung tanpa isi”. Werdine rebutan barang sing ora ana guna-paedahe. Nanging kepriye kok ndadak unen-unen kuwi dakowahi dadi “rebutan njawa tanpa isi”? Critane kaya ngene:

Jaman isih sekolah SD biyen, aku asring krungu unen-unen “wong jawa ilang jawane” sing diomongake dening para sepuh. Jaman saiki unen-unen kuwi malah luwih asring maneh diomongake wong. Lumrahe dienggo nyelathu utawa maido wong liya sing dianggep kurang njawani. Bab kurang njawani ing kene macem-macem. Bisa kurang njawani tata-kramane, kurang njawani nyandhang panganggone, kurang njawani kawruhe, lan liya-liyane.

Ndilalah saiki omongan kuwi saya akeh sumebar ing media sosial. Yen daksawang gunane ya padha wae, kanggo maido wong liya. Tuladhane yen ana kancane sing bedha panemu bab kawruh jawa wis diomongi ora njawani. Yen ana kancane sing nyandhang klambi branded bakal dipaido jawane kari separo. Apamaneh yen ana sanak sing nganggo busana ala-ala ngArab, mesthi diunekke wis ilang jawane.

Pawongan sing model ngono kuwi, prasaku kok rumangsa dheweke dhewe sing paling njawa. Mung bandha surjan lurik karo udheng wae wis wani nyelathu kancane. Nduwe pusaka utawa curiga siji-ndhil wae polahe wis kaya satriya, liyane dianggep sudra. Apamaneh yen melu salah sawijine paguyuban utawa sanggar budhaya, rumangsane dheweke wis dadi pewaris tlatah jawa, kanca liyane mung ngontrak.

Jan-jane, sing diarani njawa kuwi kaya ngapa? Apa kudu sing sabendina nganggo jarik, udhengan lan surjan lurik? Apa sing sabendina micara nganggo basa krama inggil sing alus mlipir? Apa sing wis bisa njlentrehake filosofi kawruh jawa sing aeng-aeng?

Menawi miturut pamanggih panjenengan kados mekaten nggih nyumanggakaken. Nanging manut panemuku kok ya ora ngono. Kanggoku sing diarani jawa kuwi dudu perkara tlatah, dudu perkara suku, apamaneh mung saka faktor getih utawa turunan. Kanggoku luwih saka iku.

Kanggoku sing diarani jawa yaiku tatanan nilai-nilai sing dipercaya, diugemi lan ditindhakake ing sajrone urip bebrayan. Bab iki kaya sing diserat dening panjenengane Bapa Agus Sunyoto ing buku Suluk Malang Sungsang, buku 6, hal. 298. Nilai-nilai lan patrap kuwi akeh wernane. Kabeh ana sambung-rerapete antarane nilai sing siji karo liyane. Tuladhane kaya sipat tepa-slira, watek sabar, nrima ing pandum, guyub-rukun, seneng tetulung, lan liya-liyane.

Cetha yen sing diarani wong jawa kuwi ya sing bisa nindhakake tatanan lan nilai-nilai kuwi ing urip bebrayan. Ora nyawang getih lan turunan. Senajan wong Landa utawa Cina yen patrape kaya wong jawa ya bisa diarani njawa. Kosok baline, senajan lahir lan urip ing tanah jawa, mijil saka gua-garbane biyung jawa, nanging ora ngugemi tatanan jawa ya diarani ora njawani.

Ora usah akeh-akeh, coba njupuk siji wae nilai jawa ing nduwur kuwi, banjur digalih kanthi wening: apa iya awake dhewe wis bisa nglakoni sing kaya ngono? Siji wae: tepa-slira. (bab iki uga dadi pangeling-eling sing mligi kanggoku dhewe). Bab tatanan liyane bisa digagas ing tembe mburi.

Nyatane isih akeh wong sing ngaku jawa merga wis nguri-uri seni budhaya jawa, nanging anggone urip bebrayan ora nduweni rasa tepa-slira. Tuladha sing cetha wela-wela bab njagong wae. Yen kadung jagongan ngrembug bab seni budhaya jawa nganti lali empan-papan. Jagongan ing tengahing gang sing padhet nganti tengah wengi, tur suarane banter kaya-kaya dirungokake dhewe. Ora mikir yen tanggane ya butuh wektu kanggo tetirah. Ora nggagas yen bisa mbrebeki tanggane sing isih bayi. Ora nggugu yen dikandhani tanggane lagi lara untu. Kaya ngono kuwi isih rumangsa paling njawa.

Buktine isih ana wong sing rumangsa wis njawa, demen ngibadah marang Gusti Allah, nanging anggone ngibadah ora iling bab tepa-slira. Contone yen lagi ngibadah mesthi nganggo speaker sing bantere ora umum. Ing atase pepujian jam setengah papat subuh wae wong sekampung kudu krungu/weruh. Diba’an lan terbangan, yen bisa kabeh warga kudu pirsa. Ora rumangsa yen suarane speaker njembret lan bantere ora ukuran. Ora rumangsa yen tanggane uga ana sing bedha agama. Sing kaya ngono kuwi apa pantes sinebut wis njawa?

Ana maneh wong sing rumangsa wis njawa, ngangsu kawruh ngalor-ngidul bab kawicaksanane ngelmu luhur. Ngerti wewaran lan pitungan jawa, uga ngerti filsafat jawa kuna. Rumangsa paling wasis lan luhur kawicaksanane, nanging sajrone urip bebrayan ora nuduhake sipat tepa-slira babar pisan. Yen ana sing bedha panemu langsung dicelathu. Karo tangga asring sulaya. Apa ya ngono wateke wong jawa?

Banjur yen sabendinane isih asring tumindhak sing nir tepa-slira, apa isih pantes dheweke ngarani wong liya ora njawa?

Sing kaya ngono kuwi, manut panemuku kok kaya rebutan njawa tanpa isi. Ora ndadekake tatanan lan nilai-nilai jawa lestari, nanging malah ngisin-isini. Sepisan maneh, bab iki mligine kanggo pangeling-elingku pribadhi. Sukur-bage yen bisa migunani tumrape liyan. Rahayu.


-Bantu Rembukan.com agar bisa terus menjadi media yang merangkul penulis-penulis dari desa, dengan cara traktir kami kopi di sini

About Rois 7 Articles
Seorang part time teacher dan full time parent. Mengajar -sekaligus belajar- mapel Bahasa Jawa. juga seorang atlit badminton amatir yang tidak akan takut menghadapi 'minions' ataupun 'the daddys'

4 Comments

  1. Maturnuwun Pakne Sekar, menjadi pengingat bagi saya pribadi yang sangat bangga menjadi wong jawa senajan wonten darah cina saking ibu 🙏🙏🙏

Monggo Komentare

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.