Wacana Halal City Kutha Malang sing Ora Mathuk Empan Papan

Sawetara wektu kepungkur para warga ing Kutha Malang nemahi beda pamanggih (arep diarani pasulayan kok rasane kepriye ngono) ing babagan halal city. Dene sing marai beda pamanggih kuwi ora liya ya Walikota Malang dhewe, Bapak Sutiaji, sing nduweni krenteg ndadekake kutha halal ing Malang. Niate Walikota kuwi jan-jane wis diaturake nalika tahun 2021 kepungkur, banjur dadi rame ing tahun iki amarga ana saperang kalangan sing ora nyarujuki.

Beda panemu ing antarane warga kutha Malang kuwi bakal apik yen dirembug kanthi becik. Lan papan sing paling trep kanggo ngrembug apa wae ya ing rembukan.com iki. Ora ana niatan kanggo ngrasani pribadhine Bapak walikota Malang. Lukar gagasan iki linambaran krenteg sing tulus kanggo ngupadi kebijakan pemerintah sing apik kanggo sakabehe warga kutha Malang, ora mung kanggo saperangan golongan.

Amarga awake dhewe urip ing tanah jawa, mula becik yen gagasane Walikota Malang kuwi dirembug nganggo perpektif etika jawa, mligine bab pranatan empan papan.

Pranatan empan papan

Ing sajrone bebrayan ing tanah jawa, para warga ngawruhi lan ngetrapake sawijining pranatan kang sinebut empan papan. Pranatan iki dumadi saka rong tembung yaiku empan sing tegese mathuk, lan papan sing nduweni makna pangganggonan. Mula unen-unen empan papan nduweni werdi ‘bab sing mathuk utawa trep ing panggone’. Yen ditrapake ing urip bebrayan bakal nuwuhake nalar sing tansah eling lan waspada.

Amarga ora tinulis mula piwatese dadi samar. Panemune saben wong uga beda antarane siji lan liyane. Nanging siji sing cetha, pranatan empan papan iki luwih wigati ing babagan rasa. Merga manggone ana ing rasa, mula asile ora mung tumindhak sing becik-ala utawa mandeg ing nilai bener-salah. Luwih saka iku, etika empan papan ngasilake tumindhak sing diarani pantes-ora pantes.

Tuladhane empan papan

Tuladhane kaya ngene: nuduhake katresnan marang pasangan kuwi tumindhak sing becik. Nanging yen anggone pamer katresnan kuwi ing ngarepe kanca sing lagi wae dipegat bojone bakal tiba ora pantes. Ora pas wektu lan kahanane.

Ana maneh tuladha sing asring kelakon sabendina. Wong numpak montor ing dalam kampung kuwi sah, ora ana sing menging. Nanging bakal bedha crita nalika ing pinggir dalan ana Mbah-Mbah sing lagi jagongan. Ana sing nganggep biasa-biasa wae njur bablas nglakokake montore, tumindhak sing kaya ngene ora salah. Ana uga sing nglakokake montore alon-alon, mbuka kaca sinambi mesem kanggo ngajeni si Mbah sing lagi jagongan. Tumindhak sing kaya ngene iki sing luwih aji. Bener, becik, tur mathuk karo empan papan.

Yen pingin weruh tuladha sing luwih epik, mangga bali menyang abad 16 ing tlatah Kudus. Nalika Sunan Kudus menging warga kutha Kudus mbeleh sapi kanggo qurban Idul Adha. Panjenengane paring dhawuh supaya kewan qurbane diganti kebo. Niate kanggo ngajeni umat Hindu sing nganggep sapi kuwi kewan sing suci. Masiya umat Hindu nalika iku wis kalebu minoritas nanging panjenengane tetep ngajeni. Sunan Kudus kukuh bakuh anggone ngetrapake pranatan empan papan.

Halal city kutha Malang ora mathuk empan papan

Yen digalih kanthi weninge pikir saka perspektif empan papan iki, prasaku kok kawicaksanane pak Walikota bab halal city iki kurang mathuk. Mbok menawa panjenengane lagi lali bab jati dhiri budhayane, mligine bab pranatan empan papan iki. Padahal nalika kampanye ndek wingi ngakune Kera Ngalam asli lho. Lha Arek Malang kuwi kan ya isih kalebu Jawa ta?

Lalia bab jati dhiri budhaya, nanging saora-orane mbok ya eling bab drajat pangkate. Yen drajat pangkat sing disandhang kuwi sejatine amanah saka Negara. Dadi Walikota kuwi kudune jumeneng ing antarane kabeh golongan, uga ngayomi sakabehing agama. Ora malah nggawe kebijakan sing dhasare saka salah sijine agama. Tibane malah kaya “Mban cinde mban siladan”.

Cethane kaya ngene, apa ya pantes yen sawijine punggawa praja nggawe kebijakan sing dhasare saka salah siji agama? Prandene Negarane dhewe adhedasar Pancasila sing ngugemi sesanti Bhinneka Tunggal Ika, Tan Hana Dharma Mangrwa. Kebeh warga uga wis ngerti yen kutha malang kuwi heterogen. Kabeh agama lan kapitayan ana ing kutha Malang iki.

Bali marang pranatan empan papan, yen tak pikir-pikir halal city ing kutha Malang kuwi ora pantes. Ora mathuk. Merga warga kutha Malang wis kondang bisa urip rukun, bebrayan ing madyaning kabhinnekan. Ngemban cinde salah sijine agama ing kutha iki bakal dadi blunder sing ora wicaksana babar pisan. Luwih becik dibatalke wae.

Pak Walikota sulaya

Ing tembe mburine Pak Sutiaji kandha yen ora ana sing nolak wacana halal city kuwi. Panjenengane pamer acara diskusi sing isine nyengkuyung gagasan kuwi. Nanging nyatane ana Forum Komunikasi Rakyat Malang sing wis aweh somasi marang Walikota, ora nyarujuki Malang dadi kutha halal.

Buktine ana spanduk gedhe ing tengahing alun-alun Tugu sing unine “Malang tolerant city, not halal city”. Uga akeh suara-suara ing grup Komunitas Peduli Malang ing FB sing ora setuju babagan halal city kuwi. Nanging kepriye maneh, Pak Walikota mesthi lagi sibuk tandang gawe kanggo Negara. Ora bakal sempat noleh menyang njabane jendhela balaikota. Apa maneh kok mung mbuka media sosial kanggo ngrungokake suarane wargane.


-Bantu Rembukan.com agar bisa terus menjadi media yang merangkul penulis-penulis dari desa, dengan cara traktir kami kopi di sini

About Rois 7 Articles
Seorang part time teacher dan full time parent. Mengajar -sekaligus belajar- mapel Bahasa Jawa. juga seorang atlit badminton amatir yang tidak akan takut menghadapi 'minions' ataupun 'the daddys'

Be the first to comment

Monggo Komentare

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.